MAKALAH
GAMELAN JAWA

Disusun Oleh :
1.
Defi Triyana
2.
Dwi Kiswatun Nisa
3.
Rizki Musyafa’i
4.
Yusuf Nurhidayatullah
Kelas XII IPA 2
KEMENTERIAN AGAMA
MADRASAH ALIYAH NEGERI PAGERBARANG
Jl. Gamprit No. 01 Kec. Pagerbarang 52462
TAHUN PELAJARAN 2017/2018
GAMELAN
Gamelan
iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia
utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa
yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik
sing dienggo ngiringi tembang,
utawa ditabuh tanpa tembang
minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara
lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan
tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana
ing Filipina, Malaysia
lan Suriname.
Gamelan duwéni melodhi
kang magis
utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi
utawa wirama perkusi
kang magis. Pagelaran
gamelan uga ana kang ngarani orkestra
gamelan Jawa. Ing buku
kang irah-irahané Music of Java, Jaap
Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasi komparasi
saka cahya rembulan
lan miliné banyu,
misterius kaya cahya
rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing
kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik
pangiring pagelaran wayang kulit
utawa ringgit, tari, uyon-uyon.
Jinisé laras
ing gamelan ana loro yaiku laras pélog
lan laras sléndra.
Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog
lan sléndra.
A.
Pangerten Gamelan
Gamelan yaiku seperangkat piranti
musik sing terdiri saka : Rebab, Kendang, Peking (Gamelan), Bonang, Bonang
panerus, Kenong lan Kethuk, Saron, Slenthem, Gender, Gong, Gambang, Siter,
Demung, lan Suling. Komponen utama piranti musik gamelan yaiku : pring, logam,
lan kayu. Masing-masing piranti nduweni guna dhewe jero pagelaran musik
gamelan.
Tembung Gamelan dhewe asale saka basa Jawa “gamel” sing nduwe arti nggebug / menabuh, dimeloni akhiran “an” sing dadekne dheweke dadi tembung benda. lagekne bebasan gamelan nduweni arti dadi siji kesijen piranti musik sing didolanke bareng.
Tembung Gamelan dhewe asale saka basa Jawa “gamel” sing nduwe arti nggebug / menabuh, dimeloni akhiran “an” sing dadekne dheweke dadi tembung benda. lagekne bebasan gamelan nduweni arti dadi siji kesijen piranti musik sing didolanke bareng.
B.
Sejarah Gamelan
Musik gamelan duwé sajarah
sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara.
Utamané nalika kawanguné karajan-karajan
gedhé kaya karajan
Majapahit. Jaman Majapahit
iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa
iku kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang.
Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, [tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali
utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan
diperkirakaké nalika anané kenthongan,
rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat
musik kang digawé saka logam.
Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis.
Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran
yaiku sléndra
lan pélog.
Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha
slendro duwéni interval
kang kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf
yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B] kanhti interval
kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi
aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé
ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken
bilih tembung gamel
kaliyan alat musik perkusi yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan
ingkang dados gamelan. Konon,
ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa
Saka,
dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana
ing Gunung Mahendra
ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong
kangge ngundang arwah dewa-dewa,
lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking
watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing jaman modern
sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri, ingkang bahanipun werni-werni.
Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel
saking kuningan, singen,
utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo
ngiringi tarian,
utawa seni
pertunjukkan kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan
biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara
déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana.
Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan
kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang nduwéni campuran musik kang
nadhané pentatonis
lan diatonis.
Salah sijiné panggonan
kanggo ndeleng seni
gamelan yaiku ing Kraton Yogyakarta.
Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng
perangkat gamelan kang umuré wis tuwa yaiku ing panggonan bangsal
liyané kang manggon rada memburi.
Nalika jaman Majapahit,
instrument gamelan ngalami
perkembangan kang apik banget kanthi ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing
manéka dhaérah,
kayata:
1.
Bali.
2.
Sunda
utawa Jawa Barat.
Bukti otentik kang
sepisanan babagan kahanan gamelan
ditemokaké ing Candi
Borobudur, Magelang Jawa Tengah
kang ngadeg awit abad
kaping 8. Ing reliefé katon maneka piranti kayata:
·
suling bambu.
·
lonceng.
·
kendhang (ing maneka ukuran).
·
kecapi.
·
instrument kang ana dawai utawa senaré
kang biasa digésék lan dipetik, kalebu sithik gambaran babagan èlemèn instrumen
logam.
Perkembangan sawisé kuwi, gamelan
digunakaké kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian. Kanthi akhiré ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis gamelan werna-werna
lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé gamelan didhisiki
karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia
kanthi awal mangsa pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia.
Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit.
Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké. Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Saka, dewa kang nguasai kabèh tanah Jawa, kanthi istana
ing gunung Mahendra
ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu). Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para dewa. Kanggo pesen kang luwih mligi banjur
nyiptakaké rong gong,
sawisé kuwi kabentuk set gamelan.
C.
Jenis Gamelan Miturut Larase
1. Gamelan Laras Sléndro
Sléndro utawa saléndro iku salah
siji titilaras ing gamelan. Saliyané sléndro, ana uga titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras
Sléndro béda karo titilaras pélog. Ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7
(pitu). Laras sléndro duwé 5 nada ing saben gembyang utawa oktaf, ya iku 1 2 3 5 6. Kanggo gampangé
asring dipadhakaké karo C-D E+ G A ing titi laras kulonan. Siji lan sijiné nada
nduwé béda interval swara sing cilik.
a. Asal-usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan sléndro wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn sléndro ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané sléndro karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
b. Notasi
Angka
|
Pangucap
|
Jeneng
|
1
|
ji
(siji)
|
barang
|
2
|
ro
(loro)
|
gulu
|
3
|
lu
(telu)
|
dhadha
|
5
|
ma
(lima)
|
lima
|
6
|
nem
(enem)
|
nenem
|
c. Watak lan pathet
Ing Bali, sléndro minangka kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi nem, sanga, lan manyura. Urutan iki lumrahé kanggo pagelaran wayang
1) Pathet nem
Lumrahé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dinggo ing swara kang cendhèk kanthi adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa perang gagal.
2) Pathet sanga
Lumrahé ditulis sléndro sanga. Ana kalané uga disebut barang miring. Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetuné Bambang tekan perang kembang.
3) Pathet manyura
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané, pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-upacara mirunggan. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-ésuk.
2. Gamelan Laras Pélog
Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyané Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana
angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada ya iku 1 2 3 4 5 6 7.
a. Asal-Usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa. Para empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas, laras Pelog iku kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa iku biyèn mung slendra.
b. Notasi
Angka
|
Pangucap
|
Jeneng
|
1
|
ji
(siji)
|
panunggul
|
2
|
ro
(loro)
|
gulu
|
3
|
lu
(telu)
|
dhadha
|
4
|
pat
(papat)
|
pélog
|
5
|
ma
(lima)
|
lima
|
6
|
nem
(enem)
|
nem
|
7
|
pi
(pitu)
|
barang
|
c. Watak lan Pathet
Ing Bali, Pélog minangka kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo acara nikahan lan kanggo iringan Tari.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem, Lima, lan Barang.
1) Pathet Nem
Lumrahé ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.
2) Pathet Lima
Lumrahé ditulis "Pelog Lima".Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti tengah wengi.
3) Pathet Barang
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané, pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi, lan kanggo upacara-upacara mirunggan.
D. Aturan
Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan sing wis
pakem, antarané katata saka pirang-pirang rambahan (puteran) lan pathet
utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak
utawa rikat-rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan
lan mèlodiné wis diatur ning pérangan-pérangan sing saben-saben ketata saka 4
nada (gatra). Saben-saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé, sing nuntun swara
ya iku rebab, sing nuntun irama diarani kendhang. Arané pemain sing nabuh
gamelan iku pengrawit, penayagan
utawa nayagautawa
wiyoga, sing nembang priya arane wira-swara, sing wanita arané pesindèn
utawa swarawati.
E. Piranti gamelan
Piranti
gamelan Jawa iku mèh
kabèh / lumrahé digawé saka tosan (logam) antarané: wesi, tembaga campur rejasa (nikel), utawa perunggu, mliginé wilahe. Yèn grobogane utawa rancakané umum saka kayu. Bahan
tambahan liya antarané pring, kulit (kanggo kendhang) lan liyané. Piranti gamelan sing ora ana kandhutan
tosan iku mung kendhang, gambang, rebab, suling, siter uga tabuhe.
Piranti gamelan bisa dikelompo'ake dadi 4 pérangan ya iku :
1. Gongan
a.
Kethuk
Kethuk iku salahsiji perangkat gamelan Jawa
sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon
sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang.
Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang.
b.
Kempyang
Kempyang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa
sing ditabuh. Kempyang iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi
cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk. Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
c.
Kenong
Kenong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa
sing ditabuh. Bedha karo gong
sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi
cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang
lan kethuk.
Ing kelompok perangkat gamelan
sing cara ngeso'akene diayun
iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
Ing
kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan
luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga
nduwe timbre
sing rada unik.
d.
Kempul
Kempul iku salah sijine perangkat
gamelan Jawa
sing ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé
(pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan
pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.
Bentuké
kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné,
ukuran diameter umum kira-kira 45 cm.
Kempul
ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik
swarane luwih dhuwur maneh.
e.
Gong
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa
sing ditabuh, digawé saka tosan
lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé,
digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng
lan gong suwuk.
Saben laras sléndro
lan pelog
nduwéni telung sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan.
Wujudé
bunder, gedhé, rada
cekung, kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning
ana tonjolan ing tengah-tengah.
Gong
nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti
gamelan liyané.
Gong
ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan,
dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu
tinentu.
Prangkat
musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi
liya yaiki kanggo tandha paresmian
utawa pambukaan acara.
f.
Kecer
Kecèr iku salahsiji piranti gamelan Jawa
sing digawe saka tosan.
Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik
modern. Ing musik
modern piranti iki biasa diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa,
piranti iki dadi piranti utama kanggo nggawe suasana rame lan meriah.
Carane
ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh. Kecèr iku kudu sepasang,
siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor biasane wis disoake
permanen, dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur. Sepasang kecèr iku diso'ake
ing grobogan
utawa rancak sing wujude meh pada karo grobogan saron ning luwih cilik sithik. Keto'e iki piranti
gamelan sing paling brisik ning yen ora ana swara kecèr malah dadi kurang rame
utamane ing babak-babak lakon wayang tinentu.
2. Balungan
a.
Demung
Saron demung utawa asring disebut
demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa
sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki
jinis saron
paling gedhé ukuranè, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung
tembè demung. Ana 2 jinis saron
demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus
iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhè ing kelompok
saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan ambanè 9 Cm. Saron demung ndhuwé swara
paling rendah
ing kelompok saron.
b.
Saron Barung
Saron barung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa
sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog barung lan slendro barung. 2 jinis piranti panerus
iki nduwe laras beda-beda. Wilah saron barung iki luwih gedhe dibanding saron panerus
ning luwih cilik dibanding saron demung.
Wilah sing luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron panerus uga
ana 7. Saron barung nduwe swara luwih dhuwur se oktaf
dibanding saron demung.
Saron panerus iku salahsiji perangkat gamelan Jawa
sing ditabuh. Saron panerus iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi
ngisore. Ing laras slendro,
saron panerus diarani Peking.
Iki
jinis saron sing paling cilik saka bentuk balungan
liyané yaiku saron
lan demung.
Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog panerus lan slendro panerus. 2 jinis piranti panerus
iki nduwé laras béda-béda. Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané,
sing apik digawe saka sungu kebo.
Wilah
saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung
lan demung
nanging wilahé luwih kandel. Wilah sing luwih dhuwur swarané, ukurané luwih
cilik. Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik dawané watara 18 cm lan
amba 4 cm.
Saron
panerus nduwé swara luwih dhuwur sak oktaf
dibandingaké karo saron barung.
Cara
nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel
loro saka tabuhan saron lan demung.
d.
Slenthem
Slenthem iku salah siji piranti gamelan Jawa
sing ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon sing fungsiné kaya ayunan
lan ing ngisoré ana tabung utawa silinder
kanggo ngetokaké gema swarané.
Miturut
konstruksiné, slenthem iku kalebu kaluwarga gendér;
utawa dijenengi gendér panembung. Nanging slenthem duweni bilah padha karo bilah
saron;
Slenthem oktafé paling ngisor yen ing klompok instrumen saron. Kaya demung lan saron barung,
slenthem mainake lagu balungan karo wilah sing terbatas.
Wujud
slenthem iki meh padha karo gendér.
Ananging gedhe wilahé luwih gedhe tinimbang gendér.
Arupa lèmpèngan kuningan
utawa wesi
kang nduwéni titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pring kanggo mbanteraké swara.
3.
Panerusan
a.
Bonang
Bonang
iku salah siji perangkat gamelan Jawa
sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2 jinis bonang yaiku:
1)
Bonang Barung
Bonang Barung yaiku salah
sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan
Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang
Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau
ditata ing rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.
Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining
perangkat Gamelan Jawa
kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra
lan Pélog
padha karo Bonang
barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog
wilahé ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan
saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan
Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi
penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti
kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo
kain
lan Pluntur.
b.
Siter
Siter
iku piranti gamelan
sing dipetik kaya gitar.
Cacah senare
ana 11 pasang utawa kadang 12 pasang. Siter iki fungsine
pada karo Celempung.
c.
Suling
Suling
iku salah siji piranti musik sing disebul. Fungsiné kanggo nambah swara-swara
ing melodi.
Ing musik gamelan Jawa,
suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog.
Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo ing gamelan Sundha. Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter. Swara
suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran
dawa rongga angin sing digeteraké.
d.
Gambang
Gambang
iku salahsiji perangkat gamelan Jawa,
lan gamelan Bali
uga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang,
sing digawé saka wilah-wilah kayu
sing umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing
sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké
swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné,
wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing
bolongan sing cacahé loro saben wilah.
4. Kendhang
a.
Kendhang
Kendhang
iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti
iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing
wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing
musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni
jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum
lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
Wujudé
mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada
gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing
tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
Ana 4
jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling
gedhé ukurané)
·
Kendhang gendhing
utawa kendhang
ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
·
Kendhang batangan
utawa ciblon
·
Kendhang ketipung,
nduwé nadha swara paling dhuwur
Piranti
gamelan
iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo
ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak
ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.